Sabtu, 20 April 2013

Wecana: Sunan Gunung Jati

        Ana neng purs Prabu Siliwangi kang arane Pangeran Walangsungsang lan Rarasantang telung wengi berturut - turut samar - samar mimi ketemu bari Nabi Muhammad SAW. Sejak jeronang mimpine seolah - olah Nabi Muhammad SAW, wis ngajarnang agama Islam karo deweke. Kelorone dadi ngerasa pengen mimpi maning, mong kedadian mau gur terjadi telung bangi bae.
        Pas Wengi iku ning daerah Cirebon ana sak wijine ulama soko Baghdad arane Syaikh Idlofo Mahdi utawa kang luwih dikenal sebutan Syaikh Datuk Kahfi uwis ngadeknang perguruan Islam ening kana.
        Seng arane Syaikh Datuk Kahfi utawa uwong ulama sok nang Datuk Kahfi iku dirungu bari Pangeran Walangsungsang lan Rarasantang. Mangkane kelorone dadi pengen meguru bari Datuk Kahfi kepengen iku disampai nang bari kangramane. Mung Prabu Siliwangi balihi ngajinang. Sebabe kepengen pisan belajar agama Islam iku uwis beli bisa dibendung maning. Akhire kelore kakang bari adik iku bedal seng istana lunga nang Gunung Jati. Nang kana kelore tenan - tenan mempelajari agama Islam kang diajar bari Datuk Kahfi.
        Seuwise cukup suwe, Datuk Kahfi ungpai piwulangan. Pangeran Walangsungsang dipintah nang buka hutan nag bagian kidul Gunung Jati. Mung pirang dina bae hutan wis dibuka. Terus diadegnang padukuhan. Soyo suwe tambah ake bae uwong kang netep nang kono, akhire pangeran Walangsungsang sang diangkut dai pemimpin kang dipai gelar Pangeran Cakrabuana lan tempat iku diarani Tegal alang - alang.
        Datuk Kahfi erasa bangga lan puas duweni murid kaya Pangeran Cakrabuana ku. Makae Pangeran Cakrabuana lan Rarasantang diprintah nang lunga haji nang Mekkah. Disamping menunaikan ibadah haji, kelore masih nerusnang belajaar agama karo sakuwijine ulama, kang arane Syaikh Bayunillah.
        Diceritanang, lamun nang mana Rarasantang akhire nikah bari raja Mesir kang duda arane Sultan Syarif Abdullah. Bab Rarasantang seuwise nikah arane diganti Syarif Maulana. Perkawinane iku duweni putra loro cacahe kang arane Syarif Hidayatullah lan adike arane Syarif Nurullah.
        Sementara ku, Pangeran Cakrabuana pernah tinggal nang Mesir suwene telung tahun. Teruse balik nang Jawa lan diri nang negara anyar yaiku Caruban Larang.
        Secepete negara Caruban Larang ku uwis kesohor nang seluruh Jawa. Prabu Siliwangi selaku penguasa daerah Jawa kulon (barat), uwis negrustui tampuk pemerintah putrane, malah sang Prabu memberi gelar Srimanggana kenggo putrane yaikut Pangeran Cakrabuana.

#Wacana diatas semuanya ditulis dalam bahasa Cirebon :)

0 komentar:

Posting Komentar

Kritik dan saran yang membangun dipersilahkan, jangan lupa menjaga kesopanan dengan bahasa yang baik :)